Senin, 30 April 2012

tata surya


 

Tata Surya[a] (basa Inggris: Solar System) kuwe kumpulan benda langit sing kabangun sekang sawijining lintang sing jenenge srengenge lan kabeh objek sing kejiret nang gaya gravitasinya. Objek-objek kuwe termasuk wolung iji planet sing uwis konangan lan duwe orbit berbentukelips, lima planet kerdil/katai, 173 satelit alami sing uwis diidentifikasi[b], lan jutaan benda langit (meteorasteroidkomet) liyane.
Tata Surya kebagi dadi srengenge, papat planet bagian njerosabuk asteroid, papat planet bagian jaba, lan nang bagian paling jaba yakuweSabuk Kuiper lan piringan kesebarAwan Oort diperkirakna ana nangdaerah paling adoh.
Adhedhasar jarake sekang srengenge, ana wolu planet Tata Surya yakuwe Merkurius (57,9 juta km), Venus (108 juta km), Bumi (150 juta km), Mars (228 juta km), Yupiter (779 juta km), Saturnus (1.430 juta km), Uranus (2.880 juta km), lan Neptunus (4.500 juta km). Awit pertengahan 2008, ana lima objek angkasa sing diklasifikasikna dadi planet kerdil. Orbit planet-planet kerdil, kecuali Ceres, jarake lewih adoh sekang Neptunus. Kelima planet kerdil kuwe jenenge Ceres (415 juta km. nang sabuk asteroid; ganu diklasifikasikna dadi planet kaping lima), Pluto (5.906 juta km.; ganu diklasifikasikna dadi planet kaping sanga), Haumea (6.450 juta km), Makemake (6.850 juta km), lan Eris(10.100 juta km).
Enem sekang wolu planet lan telu sekang kelima planet kerdil kuwe dikelilingi nang satelit alami, sing biasa disebut "bulan" sesuai karoBulan atawa satelit alami Bumi. Saben planet bagian jaba diubengi nang cincin planet sing ketata sekang debu lan partikel liyane.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar